Mc Sholat Idul Fitri Bahasa Jawa. Hallo sahabat raka, Selamat datang di blog kami yang kali ini akan membahas tentang seni berbicara yang menginspirasi, khususnya dalam konteks peran yang penting dalam perayaan Sholat Idul Fitri yaitu pembawa acara. Sebagai momen yang penuh keberkahan dan kebahagiaan, Sholat Idul Fitri membutuhkan seseorang yang mampu mengatur jalannya ibadah dengan penuh kecerdasan, kehangatan, dan kebijaksanaan, yaitu seorang mc sholat idul fitri.

Dalam artikel ini, kami akan membawa Anda melalui lima contoh pembawa acara Sholat Idul Fitri yang telah menunjukkan keahlian luar biasa dalam membimbing umat dengan penuh khidmat, menjalin kebersamaan, dan menginspirasi melalui kata-kata yang bermakna.

adapun yang akan kami persembahkan adalah contoh teks mc sholat idul fitri bahasa jawa. di dalam mc sholat idul fitri juga bisa disampaikan beberapa informasi seperti imam, khotib, dan bilal. berikuti ini contoh mc sholat idul fitri bahasa jawa. semoga bermanfaat.

Pembukaan: Mc Sholat Idul Fitri Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

 

اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ، لا إِلهَ إِلاَّ اللهُ واللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ وَِللهِ الحَمْدُ 

اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ

اَللهُمّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاَيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فىِ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Hadhratal mukaromin para ngalim ulama, wabil khusus panjenenganipun bapak kiai Mustofa, minangka imam masjid Tarbiyyatul ‘Ibad, saha bapak kiai sanesipun ingkang tansah kita mulyaaken.

Wonten pangarsanipun Kepala Desa Krakal, saha perangkatipun, ingkang tansah kita taati,

Para sesepuh, pinisepuh lan sedaya tokoh masyarakat, ugi sedaya jama’ah shalat idul fitri masjid tarbiyyatul ibad ingkang di pun Rahmati deneng Allah SWT.

Sepindah, monggo kita tansah nglahiraken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pineten kenikmatan dateng kita, utaminipun nikmat iman lan islam, sehingga wonten ing wekdal punika, kita saged kempal wonten ing masjid Tarbiyyatul ibad punika, kangge nglampahi shalat idul ftri kanthi mboten wonten halangan satunggal punapa.

Shalawat ugi salam, mugi tetep kunjuk katur wonten ngarso, junjungan kita, nabi Agung Muhammad SAW. Ing mugia, kita tansah kadapuk minangka ummatipun ingkah berhak nampi syafa’atipun minaddunya hattal akhirah, aamiin.

Inti

Hadirin jama’ah shalat idul fitri ingkang tansah kita mulaaken

Nuwun sewu, sederengipun kita sareng-sareng nglaksanaaken shalat idul fitri, kepareng kula matur wonten ngarso para jama’ah sedaya,

Ingkah sepindah, Alhamdulillah, sepindah malih, monggo kita sareng-sareng tansayah syukur ingkang ageng dateng Allah SWT, dene wonten ing enjing punika, kita saged pinanggih, sesarengan ngrayaaken di nten riyoyo idul fitri, sasampunipun kita nglampahi puasa Ramadhan sawulan kapengker. Mugio, amal ibadah siam lan ibadah sanesipun ingkang sampun kita laksanaaken wonten ing wulan Ramadhan punika, tansah dipun tampi wonten ngarso dalem Allah SWT. Lan mugia wonten ing dinten punika kita saged kagolong tiyang ingkang wangsul fitri, ja’alanallahu waiyyakum minal ‘aidzina wal faizin.

Salajengipun, kangge pelaksanaan Sholat idul fitri wonten ing di nten punika, samangke insyaAllah bade di pun imami deneng panjenganipun bapak kiai mustofa. Khotib insyaAllah samangke badhe dipun aturaken deneng bapak kiai Muhsinun, lan minangka bilal inggih punika panjenganipun ustadz Imron.

Mangke sasampunnipun pelaksanaan shalat idul fitri kados biasanipun di pun lajengaken halal bihalal kanthi musafahah sesarengan.

Ingkang terakhir, kangge njagi ketenangan lan kekhusu’an wontenipun pelaksanaan shalat idul fitri punika, kulo nyuwun ingkang mbeto alat komunikasi arupi HP, monggo di pun nonaktifaken utawa di pun silent. Lan kangge lare-lare sumangga tiang sepahipun kasuwun saged njagi supados saged tenang.

Penutup

Hadirin jama’ah shalat idul fitri rohimakumullah.

Mekaten minangka pengantar sederengipun pelaksanaan shalat idul fitri. Ngenget wekdal sampun sakwetawis siang, mangga kita wiwiti pelaksanaan shalat idul fitri wonten ing enjing punika.

Saking awal dumugi akhir, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo nyuwun pangapunten.

Kulo akhiri, Wallahulmuwafiq ilaa aqwamiththoriq

Wassalamu’alaikum wr. Wb.

 

 

Comments

No comments yet. Why don’t you start the discussion?

    Tinggalkan Balasan

    Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *